Nasionalisme dengan Bahasa Jawi


Nasionalisme
Mayoga niku sekolah seng becik mula kita kudu rukun marang rencang- rencang teng sekolah kita lan mboten purun padu marang wong liyo. Sak niki niku kathah sanget pelajar teng Yogyokarto , kathah saking pundi-pundi wonten saking luar kuto, saking luar provinsi, saking luar jawi yo wonten. Maka kita dadi pelajar niku saingan kathah marang pelajar liyo soale musehe dewe niku kathah mboten sekedik. Margane niku kita kudu prihatin lan kerja keras supado smangkeh saget sukses nang jenjang pendidikan , kita kudu besungguh-sungguh lan mboten mudah nyerah. Amargi saingane niku sing teng Yogyakarta kathah sanget margane yogyakarta dijuluki kota pelajar amargo niku kathah murite saking pundi-pundi. Dadi kita mboten leye-leye lan nyante-nyante amargi masa depan niku seng nentukke kita dewe. Nek kita saking sakniki pun mboten serius mangkeh nang masa depan dewe mboten dadi opo-opo lan malah nambah pengangguran teng Indonesia. Amargi sakniki niku jamane susah mboten kalian mbiyen sakniki niku nek ajeng golek kerjo angel saingane kathah sanget. Nek ajeng mlebet perguruan tinggi geh angel amargi saingane kathah sanget lan saking pundi-pundi , kejaba niku kita kudu rajin belajar lan rajin ngolah bakat supaya mangkih sukses lan saget berguna marang bangso lan negoro.
Kita sakniki pelajar Mayoga kangungan prinsip ULTRAPRIMA unggul artine kita niku kudu unggul , karo opo wae . Dadeo bocah sing unggul sing berkualitas mboten ecek-ecek. Trampil niku pengertiane dewe saget ngrampungke masalah opo wae ngagem keterampilan sing dewe perolah saking sekolah teng mayoga niku kudu diterapake teng masyarakat supados ilmu ne dewe mboten sio-sio lan bermanfaat marang masyarakat. Berpribadi, niku tegese siswa-siswi mayoga niku kagungan kepribadian kang mateng lan kepribadian sing becik marang liyane amargi teng mayoga pun diajari ilmu agama lan ilmu akhlak. Sehinggo kagungan kepribadian kang sopan lan becik. Makane kita kudu bersyukur  disokalah ke nang mayoga kita oleh ilmu Umume kalian ilmu Agamane, iyo mbote?
Makane maknane nasionalisme niku yaiku kito sebagai bangso indonesia kudu duwe rasa nasionalisme marang negara kito Indonesia nek kita mboten kagungan rasa nasionalisme sinten maleh sing kagungan rasa nasionalisme nggeh po mboten?. Nah amargi kita teseh pelajar moko mula sakniki kida wajib rajin belajar supados mangkeh saget mbangun bangsa niki dadi bangsa sing becik lan terkenal tng manca negara. Dadi kita ku nduwe rasa nasionalisme marang negara kita dewe, carane?Kita melu nek onten upacara bendera, melu nek wonten peringatan hari Pahlawan ananging sing paling becik nek dados pelajar kita kudu rajin sinau mben sok saget membanggakan jeneng Indonesia teng kancah internasional. Mulane kewjibane pelajar yaiku Belajar. Dadi gaweane pelajar niku mung sinau mboten wonten sing liyo ngiih mboten? Amargine bangso Indonesia niku sak niki gek dilando keterpurukan teng kancah Internasional. Saking segi Ekonomi, Olahraga, Politik niku gek dilanda katrhah masalah . Saking segi ekonomi niku sakniki bangsa indonesia kathah sanget wong miskin lan biaya kehidupan  tambah duwur amargine rego-rego teng pasar mundak derastis. Lan amargi niku kathah sanget wong-wong sing putus asa lan akhire sakniki dadi penggaguran. Saking segi keolahragaan bangsa Indonesia sak niki merosot olahragane saking olahraga cabang bulu tangkis pun mboten kalian mbiyen, mbiyen niko Indonesia terkenal olahraga bulu tangkis, sakniki merosot lan tambah elek. Saking olahraga sepak bola malah soyo merosot sak niki Indonesia kalah maring Malaisyia padahal mbiyen niku Insdonesia mesti menang lan mboten tau kalah marang maisyia. Dadine kapan sepakbola indonesia niku biso maju?. saking segi politik Indonesia niku lagek dilanda koruptor teng kubu pemerintahan lan partai politik. Sak niki pun kathah sanget kasus korupsi teng indonesia mulai saking sing alet kalih saking sing gedhe. Dadi nopo sesuk nek pemerintahan kathah seng korupsi opo mboten dadi negoro sing makamur nek indonesia ngeteniki? Sakniki niku korupsi niku tindak sing ngrugiakke paling kathah. Kabeh sakniki niku angel sing jenengane korupsi niku ben ilang saking muka bumi, kejaba nfsune manungsa marang arto niku lumayan gedehe.
Arti Nasionalisme Untuk Indonesia
Nasionalisme  njih puniko sak pemikiran sing awake dewe lakoni kagem pengabdian kanggo bangsa lan negoro awake dewe dewe lan awake dewe kudu memperjuangkan hak hak awake dewe lan ojo teko neng rebut soko wong liyo rasa nasionalisme kudu tertanam neng awak awake dewe masing masing. Kito sedoyo kudu nduwe rasa nasionalisme kanggo bangsa kita dewe nek mboten woten piye bangsa indonesia iki ajeng bersatu nek rasa nasionalisme we mboten wonten makakne kita kudu nanem ke rasa nasionalisme nang diri kita masing –masing. Nek wonten  tawuran pelajar niku mboten ditiru niku seng marakke Indonesia niku pecah belah, nek masalah dalam negri kito wae durung beres kepriye ajeng maju bangsa lan negara niki makane kita kudu prihatin saking sak niki lan sianu sing tenan-tenan supaya sesuk saget dados tiang sukses. Ndek mbiyen , pahlawan-pahlawan kita gugur ming kangge merdekakke Indonesia , perjuangane niku kathah sanget. Nganti wonten sing mati tanpo jeneng lan dikenal, maka sak niki kita kudu neruske perjuangane pahlawan sing mbiyen ben kita selamet saking penjajahan. Sakniki niku modele penjajahan niku modele saking pemikiran mboten saking perang, monopoli , kerjo rodi lan liya-liyane. Amargi jaman sakniki niku pun berubah lan perkembangan niku pun maju dadine tiyang sakniki niku njajah Indonesia kanggo pemikiran. Contone saking TV, saking Hp, saking Leptop kan kanca-kancane. Saking TV niku tiang-tiang sakniki dibodohi ben utekke ra digunakke ming ngge ndelok TV lan dinggo sesuatu sing ora berguna. Lewat Hp , manungso digawe sibuk migunakae Hp pendak wektu mesti sms an terus nganti lali wektune sembahyang, wektune sholat, wektune ngaji, wektune belajar lan liyo-liyone. Dadi menungsa ki dibodohi kanggo alat niku piye isoh sinau nik pendak wektu nyekel hp terus piye jal opo mboten susah nek ngeten niku. Makane tiang sakniki pinter ngapusi , ben tiang-tiang teng Indonesia meniku utekke mboten kanggo dadine malah bodho lan kethul. Bayangke wae utekke njenengan niki koyo peso, peso niku pendak dinten di pigunaakke mesti landep to? mboten teyengen lan keno kangge nyigar opo wae. Lha , nek peso mau mboten tau  dinggo lak suwe-suwe dadi teyengen lan mboten landep dadine mengko suwe-suwe rusak lan mboten saget dipigunakke nah utekke manusia niku koyo niku nek mboten tau digunakke yi dadine kethul opo-opo langsung raisoh. Nah maknane Nasionalisme niku kita kudu bakti marang bangsa lan negoro. Carane? Yaiku dewe kudu mikir opo sing isoh tak sumbangke kangge negoroku dudu opo sing isoh disumbangke negoroku kangge aku. Dadi kita kudu isoh nyumbangake suatu kangge negoro. Cotone prestasi akademik lan prestasi non akademik sukur-sukur saget mlebu nag kancah internasional. Dadi nsaionalisme niku piye carane ben kita niku kanggo marang negoro kita dewe lan masyarakan kita dewe yaiku Indonesia. Nek meniku bangsa Indonesia kudu nyatuake kekuatan ben bersatu ben tambah kuat lan ora gampang pecah belah. Nek pecah belah bagsa indonesia niku gampang dikalahke.
        Kita kudu ngajak masyarakat kita ben gelem keja sama lan gotong royong dalam hal pembangunan dadi kito kudu nyatuake seluruh lapisan masyarakat ben saget bersatu ora malah pecah belah. Contone sakniki superter bal-balan indonesia niku malah saling gelut  musuhan padahal sak bangsane dewe malah mboten akur malah ribut. Sing dadi korban lak malah sing nonton to dadine malah tambah sengit nek onten sing meninggal barang niku. Makane sakniki niku kita  piye carane ben nyatuake umat  ben ota terpecah belah. Koyo Indonesia kaleh Maisyia nek Indonesia musuhan karo malaisyia, piye negoro islam nang   Asia arep bersatu soale negoro islam paling akeh penduduk e kan tenng malaisyi nggeh too. Pye arep ngalahke Israel nek karo negoro tetenggo we padhu ora rukun mangkeh malah musuhan lan negorone perang padahal podo-podo negoro islam. Ming hal sepak bola we bisasane yo di permasalahke. Inggeh too? Sakiniki niku perannge pun jamane kanggo pemikiran teknologi lan ilmiyah. Sakiniki niku tiang-tiang teng Indonesia wes ketularan jejaring sosial sing jenengane facebook sing marakke tiang-tiang Indonesia ki tambah bodho lan ra mikir. Sakniki hampir kabeh masyarakat  anak muda dari mulai SD tekan SMA kabeh sampun kanggingan facebok. Facebook niku contone penjajahan sing melalui pemikiran dadine kabeh sing facebook an di pengaruhi pikirane dadi ming facebookan terus ra tau sinau dadine malah ra ngurus urip kangge masa depan . sakniki niku pun mboten koyo mbiyen sakniki niku interent ming kangge facebook an ora kangge sinau utawi nggali in formasi saking internet. Padhal internet niku luas lan tersambung teng pundi-pundi.
        Nasionalisme niku pamrih mboten purun ganjaran . ikhlas mboten purun pujian lan kangge pengabdia teng bangsa. Contone nasionalisme teng kelas yaiku dewe saget njuarai lomba tingakat kabupaten amargine dewe pun banggaake nama baik sekolah sehinggo sekolahe dewe dadi berkualitas pendidikane lan nyaingi sekolah-sekolah liyane. Lan kangge motivasi kangge siswa-siswi liyo supoyo berpacu teng prestasi , nah niku salah satu cotone tindak nasionalisme teng sekolahan. Teng Masyarakat contone wonten kerjo bakti, kito kudu melu ra meng meneng wae ndekem nang omah soale kapan kita mbantu kampunge dewe padahal kita kan tinggal nang masyarakat. Lan tinggal teng masyarakat niku pikirane tiang-tiang niku bedo-bedo. Kapan kita bersosialisasi nek kerjo bakti mawon mboten purun ikut berpartisipasi nggeh mboten makane kita kudu melu opo wae nek onten kegiatan teng masyarakat, koyo rapat desa. Kerja bakti, mbangun omah dll. Dadi mulai sakniki kita kudu nyatuake umat supados saget bersatu lan mboten bercerai berai demi kelangsungan rakyat ing masyarakat. Nek contone Nasionalisme teng Negara contone kita nemuake penemuan penting koyo nemukke mesin pesawat terbang sing bahan bakare sinar matahari ,nah mangkeh dunio niki podo mlirikki saking pundi penemuan niku, nik saking Indonesia otomatis indonesia dadi terkenal lan banggaake negoro lan dadi perhatian dunia. Contone maleh kita melu kompetisi sepak bola internasional lan kita dadi juara nah negetenniku yo mbanggake negoro.
        Dadi carane ben kita niku disebut nasionalisme niku kathah sanget ming kita niku dereng mendalami lan dereng mengerti luas arti kata nasionalisme sesungguhnya. Dadi kita kudu ngembangke bakat sing kta kagungan kangge negoro. Makane sakniki arti nasionalisme bagi pelajar niku kita kudu belajar sing rajin supoyo mangkih kanggo teng kancah internasional. Makane onten pelajaran bahasi jawi niku yo ben kudu kita ngertos bahasane kito dewe piye aneh to nek umpane wong jowo mboten saget bahasi jawi , lak lucu tho? Ben mboten ical kita kudu njaga lan nglelestarikke. Nah njogo bahasa jawi niku podo karo kita nasionalisme njogo ben hak e dewe mboten ical marang wong liyo. Makane m uali sakniki kita kudu saget njogo barange kita dewe lan memepertahankanke dari s egala kemungkian sing kang dadi ancaman. Nasionalisme niku ,ikhlas dadine kito niku ikhlas nek ajeng nglakoake sesuatu. Mboten purung napi-napi ming kangge bangsa lan negaro , lan ikhlas hatine nglakoake perbuatan kebajikan tersebut. Kita kudu besungguh-sungguh yaiku pengertiane saking kita kudu tenanan mboten main-main karo perbuatan sing kta lakonani niku. Makane nek onten opo-opo kita kudu berguana teng pundi wae, contone oten wong kecelakaan ketabrak mobil nah mobile terus lungo nah kita kudu nulung wung mau opoppun kahanane kita kudu nulung wong mau di parengake teng rumah sakit ben nyawane niku ketulung. Nah contohe ngetteniku mau nggambarake nek kita kudu serius lan mboten maen- maen pas nolong korban kecelakaan mau ngagem kemampuan sing kita nduweni. Nah lan pas nulung mau kiat kudu Ikhlas mboten nyuwun imbalan sak cilike apapun. Wonten maleh ceritane wonten tetangga kita sing lagi keno musibah lan harta bendane rusak lan ical lebar keno musibah mau kita sebagai tetonggo kudu melu mbantu, mbantu kanggo duwit utawi kangge hibuaran ben tetanggo kuwi mboten sedih lan nelongso. Nah niku salah satune contoh rasa nasionalisme sing berupa kepeduliyan marang masyarakat sekitar kita, rasa kepeduliane kuwi sing disebut rasa nasionalisme. Wonten maleh contone teng kalangan pelajar. Bulan depan onten ujian akhir semester nah kita sebagai pelajar kudu konsisten . nek sesuk onten Ujian semester berarti kita kudu sinau sing rajin sak durunge ujian ben mangkeh pas menghadapi soal-soal ujian saget. Nah niku sing jenengake rasa nasionalisme marang sekolahan ben kta niku saget banggake marang wong tuwo  kita niku murid sing rajin, murid sing niat sekolah, murid sing bekti marang wong tuo, murid sing banggaakke guru, lan murid sing kagungan roso nasionalisme kang inggil. Niku contoh-contohe nasionalisme teng pundi- pundi, makane teng diri lan hati kita kudu wonten rasa nasionalisme dimanapun kapanpun kita ono.
        Kesimpulan
Dadi kesimpulanipun Nasionalisme niku podo kaleh piye carene kito ngabdi marang negoro ,piye carane ben kta niku kanggo kangge negoro, piye carane ben kita niku melu berperan aktif dalam pembangunan bangsa, piye carane kita berguna marang masyarakat bangsa lan negoro niku kadose maknane nasionalisme.


Komentar

Postingan Populer